Adsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense Indonesia
Showing posts with label Basa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Basa Jawa. Show all posts

Piwulang Hasta Bhrata (8 Watak/Tingkah Laku) Pemimpin

>> 

Ana 8 watak sing kudu diduweni para pemimpin negara kita ing jaman saiki. Apa bae iku??? Ing ngisor iki watak-watake :

1. Watak Wicaksana
Watak iki metu nalika dheweke nemoni prakara

2. Watak Adhil
Watak iki metu nalika dheweke ngrampungi prakara

3. Watak Sabar
Watak iki metu nalika dheweke mrangguli saliring kahanan

4. Watak susila
Watak iki metu nalika dheweke anuraga sajroning momong bebrayan agung

5. Watak taliti
Watak iki metu nalika marang kahanane bebrayan

6. Watak lega lila dedhana
Watak sing bisa murih senenge para kawulane

7. Watak teguh lan teges
Watak iki metu nalika dheweke mutusake prakara

8. Watak tangguh sarta kuwana mbrastha memalaning agung

Watak-watak kang ana ing dhuwur iku biasane angel naget ditrapake. Saumpama para pemimpin ing negara kita iki bisa ngetrapake kabeh watak-watak ing dhuwur, bangsa iki ora bakal kena kalabendhu sing terus-terusan.

Next episode...... Next episode......

Macam-Macam Bahasa di Bahasa Jawa

>> 

Ing basa jawa iku ana pirang-pirang basa sing digunakake ing kahanan kang beda. Ing basa iki karepe mangkono iku supaya duwe cara sing beda nalika ngadhepi wong tuwa uga marang wong enom. Kanggo nggampangake sinau basa jawa lan miturut pangecakane ing pasrawungan jaman saiki undha usuk :
1. Basa Ngoko
2. Basa Ngoko Alus
3. Basa Krama
4. Basa Krama Alus
Keterangane :
A. Basa Ngoko
Basa ngoko iku kabeh basane kawujud ngoko kabeh
Tuladha : Ayo melu aku, Rin.
B. Basa Ngoko Alus
Ngoko alus iku basane ngoko kecampran krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Basa iki digunakake minangka :
• Kanggo guneman karo wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur drajate
• Kanggo guneman marang wong wong sing statuse luwih dhuwur nanging wis akrab
• Kanggo guneman wong sing wis akrab utawa status sosiale padha nanging isih pengen ngajeni
C. Basa Krama
Basa krama iku tembunge kabeh nganggo krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Ater-ater lan panambange ora dikramakake.
Tuladha : Pitike firas kae dak dole bae! --- Ayame ingkang giras punika kula sadene kemawon!
D. Basa krama alus
Basa krama alus iku basane krama kecampuran krama inggil, nanging basane luwih alus lan ngajeni. Ater-ater lan panambange uga melu dikramakake.
Tuladha : calon bojone Pak Ali tuku jeruk, apel, karo pelem. --- Calon garwanipun Pak Ali mundhut jeram, apel, kaliyan pelem.

Next episode...... Next episode......

Anampi Pasrahan Temanten (Menerima Pengantin)

>> 

Ing adat jawa iku uga ana aturan utawa kabiyasaan sing kerep dienggo babagan nampa pasrahan temanten. Ing babagan iki, nampa pasrahan temanten wadon iku uga beda cara ngucapake lan basa-basane. Nanging, biasane nampa iku luwih cekak basa-basane tinimbang masrahake. Ing ngisor iki ana basa-basane nampa pasrahan temanten wadon. Gatekno temen, supaya bisa.

Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati. Mugi kaliyan kula nyulihi sedherek kula sepuh Kangmas Happin angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak Cahyono lumantar sedherek Benny.

Sedherek Benny (paraga ingkang masrahaken) kapisan, kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Angka kalih, salam taklimipun Bapak Cahyono lumantar panjenengan, kula tampi akanthi suka rena, gembira marwata suta. Mugi pangajap lan pandonga wau kaijabahan dening Allah SWT, ambahar kanugrahan, kawilujengane, dhumateng kula sakaluwarga, sumarambah ing para tamu sedaya. Boten lagkung dhawah sasami-sami.

Kaping tiga, Bapak Cahyono lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus Roshid sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget angaturaken genging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah.

Salajengipun Bapak Cahyono sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping penganten, ing mangke kula sendikani.

Senadyan punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkan sampun kula cawisaken, suwene ngiras pantes angastreni dhaupipun penganten. Dene wonten kiranging beja lan krama kula anggen maringi gunging pangaksama.

Cekap semanten atur kula,

Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Next episode...... Next episode......

Masrahaken Temanten (Penyerahan Pengantin)

Ing adat jawa iku uga ana aturan utawa kabiyasaan sing kerep dienggo babagan masrahake temanten. Ing babagan iki, masrahake temanten lanang karo wadon iku uga beda cara ngucapake lan basa-basane. Ing ngisor iki ana basa-basane masrahake temanten lanang. Gatekno temen, supaya bisa.


Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Kula nuwun,

Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang ing budi. Nyuwun pangapunten dene kula pari paksa anggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapak Happin sarimbit.

Nuwun, Kangmas Happin

Kula kadhawuhan dening tiyang sepuh kula Bapak Cahyono sekaliyan. (manawi enem : Kula kakersakaken sedherek kula anem pun Cahyono kekalih.)
Sepisan ngaturaken salam taklimipun, kanthi pamuji mugi-mugi Kangmas Happin sakaluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemahambayar rahayu wilujenging panjenengan lumeber ing sadayanipun.

Kaping kalihipun, kula kinanthen rowang sawetawis kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten nama pun Bagus Roshid ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara Rakhma putri panjenengan.

Manawi dipun sartani bektan mugi kaaturna. Dene anggen kula nyowanaken putra penganten kinanthen : maskawin arupi saperangkat alat sholat, pangangge minangkan santunipun penganten putri ageman saperangkat, lan sanes-sanesipun.

Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun Bapak Cahyono nyuwun agenging pangapunten.

Salajengipun, kalampahan dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakaluwarga.

Minangka panutuping atur, mbok menawi wnten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ing kirang trapsila satemah boten adamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu kula nyuwun lumunturing pangaksami.

Cekap semanten,

Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...


Next episode...... Next episode......

Related Websites

Vistors

Locations of visitors to this page free counters

Blogger Blog Review at Blogged

Shout Box Comment

  © Roshid Theme by scenica.co.cc 2009

TOP  

skater