Adsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense Indonesia

Anampi Pasrahan Temanten (Menerima Pengantin)

>> 

Ing adat jawa iku uga ana aturan utawa kabiyasaan sing kerep dienggo babagan nampa pasrahan temanten. Ing babagan iki, nampa pasrahan temanten wadon iku uga beda cara ngucapake lan basa-basane. Nanging, biasane nampa iku luwih cekak basa-basane tinimbang masrahake. Ing ngisor iki ana basa-basane nampa pasrahan temanten wadon. Gatekno temen, supaya bisa.

Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati. Mugi kaliyan kula nyulihi sedherek kula sepuh Kangmas Happin angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak Cahyono lumantar sedherek Benny.

Sedherek Benny (paraga ingkang masrahaken) kapisan, kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Angka kalih, salam taklimipun Bapak Cahyono lumantar panjenengan, kula tampi akanthi suka rena, gembira marwata suta. Mugi pangajap lan pandonga wau kaijabahan dening Allah SWT, ambahar kanugrahan, kawilujengane, dhumateng kula sakaluwarga, sumarambah ing para tamu sedaya. Boten lagkung dhawah sasami-sami.

Kaping tiga, Bapak Cahyono lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus Roshid sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget angaturaken genging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah.

Salajengipun Bapak Cahyono sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping penganten, ing mangke kula sendikani.

Senadyan punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkan sampun kula cawisaken, suwene ngiras pantes angastreni dhaupipun penganten. Dene wonten kiranging beja lan krama kula anggen maringi gunging pangaksama.

Cekap semanten atur kula,

Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Related Posts by Categories



0 Komment:

Related Websites

Vistors

Locations of visitors to this page free counters

Blogger Blog Review at Blogged

Shout Box Comment

  © Roshid Theme by scenica.co.cc 2009

TOP  

skater