Adsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense IndonesiaAdsense Indonesia

Masrahaken Temanten (Penyerahan Pengantin)

>> 

Ing adat jawa iku uga ana aturan utawa kabiyasaan sing kerep dienggo babagan masrahake temanten. Ing babagan iki, masrahake temanten lanang karo wadon iku uga beda cara ngucapake lan basa-basane. Ing ngisor iki ana basa-basane masrahake temanten lanang. Gatekno temen, supaya bisa.


Assalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...

Kula nuwun,

Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang ing budi. Nyuwun pangapunten dene kula pari paksa anggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kula matur ing ngarsanipun Bapak Happin sarimbit.

Nuwun, Kangmas Happin

Kula kadhawuhan dening tiyang sepuh kula Bapak Cahyono sekaliyan. (manawi enem : Kula kakersakaken sedherek kula anem pun Cahyono kekalih.)
Sepisan ngaturaken salam taklimipun, kanthi pamuji mugi-mugi Kangmas Happin sakaluwarga tansah pinayungan ing Pangeran satemahambayar rahayu wilujenging panjenengan lumeber ing sadayanipun.

Kaping kalihipun, kula kinanthen rowang sawetawis kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten nama pun Bagus Roshid ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara Rakhma putri panjenengan.

Manawi dipun sartani bektan mugi kaaturna. Dene anggen kula nyowanaken putra penganten kinanthen : maskawin arupi saperangkat alat sholat, pangangge minangkan santunipun penganten putri ageman saperangkat, lan sanes-sanesipun.

Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun Bapak Cahyono nyuwun agenging pangapunten.

Salajengipun, kalampahan dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakaluwarga.

Minangka panutuping atur, mbok menawi wnten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ing kirang trapsila satemah boten adamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu kula nyuwun lumunturing pangaksami.

Cekap semanten,

Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh...


Related Posts by Categories



0 Komment:

Related Websites

Vistors

Locations of visitors to this page free counters

Blogger Blog Review at Blogged

Shout Box Comment

  © Roshid Theme by scenica.co.cc 2009

TOP  

skater